HUT Ke 14 Pencak Silat Wijayakusuma

Djakalodang No.44 – 4/4/2009, SabtuPahing, 8 Bakdamulud 1942 JE

Pakumpulan Pencak Si­lat madeg ing lingkungan Perguruan Tamansiswa dipandhegani Ki Ungki Sukirno, Tarsono, Sutanto, Tirtokusumo, Dwijo Subroto, Sudiyanto, Madiyono, Kusdanarto lan Rudaryanto. Mangkono laporane Tri Widiyanto ketua Panitia pengetan/Hut. Pakumpulan Pencak Silat Wijayakusu­ma ing Pendhapa Agung Tamansiswa, Minggu kepungkur.

Rawuh lan paring pangandikan Ketua Majelis Luhur Tamansiswa Ki Priyo Dwiarso, Samsuri saka Dinas Pendidikan Kota Yogyakarta, para pendhiri pencak Silat Wijayakusuma lan para tamu. Madege perkumpulan Pencak Silat Wijayakusuma dikepyakake Ki Nayono (almarhum) rikala tgl. 8 Januari 1995. Tri Widiyanto nambahi menawa Pencak Silat Wijayakusuma sumbere saka ajaran Raden Mas Harimurti, sawijining kaum Nasionalis kanca rakete Ki Hajar Dewantara.

Ki Priyo Dwiarso Ketua Harian Majelis Luhur Tamansiswa, makili ketua Umum MLPTS Jendral TNI (Purn) Tyasno Sudarto ing sesorahe nerangake Pen­cak Silat minangka muatan lokal (mulok) mujudake cakcakane Trisentra pendhidhikan Tamansiswa. Pencak Silat sawijining ajaran, kanggo mupuk jiwa kewiraan, kepribadian. Pencak Silat sawijining budaya nasional kang thukul lan ngrembaka ing Nusantara.

Pencak Silat sing tumekaning titi wanci iki isih lestari yakuwi saka Cikalong, Madura, Padang, Minangkabau lan ing Yogya ana Parpin, Tapak Suci, Bima, SHO, SHT, PH, Perisai diri.

Drs. H. Samsuri Kepala Dinas Pendidikan Kota Yogyakarta nayogyani Pencak Silat mlebu ing muatan lo­kal. Aja mung pendhidhikan akademis wae kang mlebu prestasi, nanging Pencak Silat bisa prestasi oleh sertifikat, mula perlu ditekuni. Yen bisa juwara Tataran Propinsi apa meneh tataran Nasional bakal oleh tambahan biji. Kanggo mengeti madege Pencak Silat Wijayakusuma kang kaping 14 uga diregengake upacara motong tumpeng, para pendiri pencak silat sarta pentas Pencak Silat, deningputra/putri SMP Taman Dewasa Ibu Pawiyatan Tamansiswa. [NHD/DL]

Leave a Reply